Contoh Pidato Bahasa Jawa
|
Rabu, 18 Februari 2015
|
Others
|
Tema : Bahaya
Narkoba
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.
Bapak
Guru ingkang satuhu kinurmatan, ugi kanca-kanca kula ingkang winantu ing
kabagyan. Langkung rumiyin sumangga kita sesarengan ngonjukaken puji syukur
dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan saha
kasarasan dhumateng kita, saengga ing wekdal menika kita saged makempal ing
mriki kanthi boten wonten pambegan satunggal menapa.
Para
rawuh ingkang tansah kula hormati.
Kita
sedoyo sampun katah mirengaken pawartos ing radio utawi ningali pawartos ing
TV, menawi kathah ingkang ngginaaken narkoba lan kenging bahayanipun narkoba
menika.
Narkoba
menika ngrisak badan, kesehatan, lan pikiran. Tiyang ingkang nggadahi karemenan
ngangge narkoba menika gampil kenging penyakit-penyakit, contohipun gagal
ginjal, jantung lan paru, lan ingkang paling bahaya inggih pikiran mboten saget
dikendalikan, remen ngomong ingkang ngelantur, tindak tanduk kurang sopan lan
sak penunggalipun.
Narkoba
ugi obat ingkang dipunlarang, dados baten kapareng dipunsade kanti bebas.
Tiyang ingkang ngagem lan ngginakaken narkoba piyambakipun sampun nglanggar
paugeman lan saget dipunpidana.
Kangge
ngindari narkoba, setunggal kita kedah ningkataken iman lan takwa kita sedaya.
Kita ugi kedah pinter-pinter milih kanca, ampun ngasih kita caket-caket kalih
kanca ingkang gadhah keremenan ngangge narkoba. Lan ingkang paling penting kita
kedah sadar menawi narkoba menika kathah bahayanipun. Narkoba badhe mbekta kita
dhateng jurang kesengsaraan.
Para
rawuh ingkang winantu ing kabagyan.
Mangga,
kita ampun sepisan-pisan ngginaken narkoba lan obat-obatan ingkang dipunlarang.
Lan, kita ginaaken wekdal kanthi sae lan diginaaken kangge hal-hal ingkang
positif, contohipun : maos buku, olah raga lan sakpanunggalane.
Kadosipun
namung semanten ingkang saged kula aturaken, bilih kathah atur ingkang mboten
mranani penggalih, kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamu
‘alaikum Wr. Wb.
edit
Tidak ada komentar:
Posting Komentar